“GUMATI MARANG PEPADHA”1 KOR 11 : 17 - 34
Para sedherek kekasihipun Allah,
Mboten
karaos sekedhap malih kita sampun badhe lumebet wonten ing Bujana Suci
ingkang sak menika gegayutan kaliyan raos sokur kita wonten ing “ Hari Pembangunan GKJW “. Saking
waosan ingkang kita pireng sesarengan, sumangga kita sami ningali
gesang kita piyambak-piyambak menapa kita ugi sami kaliyan pasamuwan
wiwitan wonten ing kitha Korinta menapa mboten? Ing sak lajengipun, kita
badhe sesarengan nyawisaken manah kita lumebet wonten ing
pambujananipun Gusti ingkang suci kanthi sukarena.
Para sedherek kekasihipun Allah,
Waosan
kita wau nggambaraken bab kuciwaning manahipun Rasul Paulus tumrap
pambujanan ingkang dipun wangun dening pasamuwan wiwitan kala semanten.
Pambujanan ingkang dipun wangun dening pasamuwan wiwitan menika benten
kaliyan kita sak menika. Menawi kita sak menika namung nedha roti lan
ngombe anggur, ananging rumiyin sedaya tiyang ingkang pitados dhateng
Gusti Yesus menika sami nunggil lan kembul sesarengan kanthi sukarena,
edum-ingedumaken menapa ingkang dipun bekta saking griyanipun
piyambak-piyambak dhateng sedherek sanesipun. Sedaya menika dipun
tindakaken supados raos keakraban lan kebersamaan saged kajagi
kanthi sae. Anaging dangu-dangu, kathah ewah-ewahan wonten ing bujana
suci kala wau. Ngantos-ngantos wonten ing ayat 20 Rasul Paulus ngandika “Menawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti”
. Kenging menapa Rasul Paulus dhawuh kados mekaten? Amargi pancen,
pakulinan makaten wau sampun mboten dipun gatosaken malih. Sedaya tiyang
sami dhisik-dhisikan mendhet bontotan ingkang dipun bekta saking
griyanipun piyambak kala wau. Menika ateges bilih sinten ingkang mbekta
kathah lan eca, namung badhe nedha ingkang eco kala wau, lan sinten
ingkang namung mbekta sak wontenipun inggih namung badhe nedha sak
wontenipun kemawon. Ing ayat 21 Rasul Paulus mastani: “…kang siji kaluwen, sijine mendem” Ketingal nyata wonten singgetan ingkang misahaken tiyang ingkang sugih kaliyan tiyang ingkang sekeng.
Para sedherek kekasihipun Allah,
Sak
sampunipun Rasul Paulus ngluntakaken raosing manah lan kuciwanipun
dhateng pasamuwan ing kitha Korinta kala wau, piyambakipun lajeng paring
piwulang supados pasamuwan menika sami puruna ningali malih menapa
ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus wonten ing Bujana Suci ing
wiwitan. Gusti Yesus mundhut roti lajeng dipun cuwil-cuwil sarta
ngendika, “ Iki badanKu , kang kaulungake marga saka kowe: iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku ”. Lan sak sampunipun maringaken roti wau dhateng para sekabat, Gusti Yesus lajeng mundhut tuwung sarta ngendika, “
Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. saben-saben
kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku ”. Sedaya
ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus wonten ing pambujanan menika
sejatosipun mratelakaken bilih Gusti Yesus ngarsakaken supados kita
purun lan saged ningali menapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti
wonten ing jagad menika. Panjeneganipun mboten gesang kangge Dhiri
pribadinipun piyambak, ananging kangge nguwalaken manungsa saking
pangwasaning dosa. Sadanguning sugengiPun, menapa Gusti boten
nggatosaken tiyang-tiyang ingkang miskin, tiyang-tiyang ingkang kesrakat
lan tiyang-tiyang ingkang dipun singkiraken dening tiyang sanes?
Panjenenganipun tansah paring kawigatosan dhateng para tiyang makaten
wau. Menika nedahaken, bilih inggih kados makaten punika ingkang dipun
kersakaken dening Gusti Yesus, supados kalampahan utawi dipun tindakaken
wonten ing gesangipun pasamuwan ingkang sampun katebus. Kawigatosan
ingkang boten katindakaken namung kangge gesang pribadi, ananging ugi
kangge gesangipun sesami. Menawi piwulang menika mboten temen-temen
dipun gatosaken ing saben-saben bujana suci, ateges kita mboten ngakeni
sedaya pakaryanipun Gusti wonten ing jagad menika lan menika ingkang
ndhawahaken paukuman dhateng kita (kawaosna ayat 29).
Para sedherek kekasihipun Allah,
Kanthi
pangandikanipun Gusti wau, sumangga ing salebeting pengetan dinten
pembangunan GKJW menika, kita sami mangun greja kita sarana gesang
sesarengan kanthi gatos-anggatosaken setunggal lan setunggalipun. Amargi
gesang wonten ing pasamuwan menika benten kaliyan gesang piyambakan,
ingkang namung sak pikajeng kita piyambak. Ananging gesang masamuwan
menika kedah purun sangkul-sinangkul ing bot repot, asung pambiyantu
dhateng setunggal lan setunggalipun. Kanthi makaten, kita mesthi badhe
saged tumut ngraosaken ingkang dados kasedhihan lan kabingahanipun
sedherek sanes. Awit saking menika, sumangga kita sami ndadar dhiri
pribadi kita, menapa sadangunipun punika kita inggih sampun/tansah
gesang kanti patrap makaten wau wonten ing greja lan pasamuwaniPun?
Wusana, ngaturaken sugeng nampi timbalan agung lan marek wonten ing pambujanan peparingipun Gusti…. AMIN…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar