RANCANGANIPUN ALLAH SAESTU ENDAH
LELAKONE PARA RASUL 8 : 26 - 31
Para patunggilan ingkang kinasih dening Gusti yesus kristus wonten
ing waosan ing sonten punika nyariosaken, bilih ing satunggaling wekdal
sang Filipus dipun utus dening malaekatipun pangeran supados kesah
dhateng ing kitha Gaza ingkang kawontenanipun sepi sanget.
Ing wekdal
semanten sayektosipun filipus taksih ngabaraken injil wonten ing tlatah
samaria ingkang asilipun luar biasa utawi ngedab-edabi sanget, amargi
kathah tiyang ingkang sami mratobat saha pitados dhumateng Gusti Yesus
kristus saha sami ngestokaken dhawuh sabdanipun Gusti Allah.
Senaosa
sang Filipus saged kawastanan dados peladosipun Allah ingkang mumpuni,
nanging Filipus dados pelados ingkang tansah nengenaken dhateng sedaya
rancanganipun Gusti. Ing wekdal semanten menawi dipun nalar secara
kemanungsan, mesthinipun filipus taksih dipun betahaken wonten ing
samari, amargi kados-kados tugasipun martosaken injil dereng
rampung,amargi warga enggal mesthinipun betah pendampingan
Nanging
ingkang kedadosan wekdal semanten punapa ingkang dipun rancang dening
Allah saestu benten sanget kaliyan rancanganipun manungsa, ing ngriki
para patunggilan, wonten tuladha ingkang endah sanget kangge gesang
kita sami pranyata sang Filipus mboten nggega pikajenganipun piyambak
boten manut pikajenganipun tiyang sanes nanging Filipus manut miturut
dhumateng karsanipun Allah sang Filipus nyadari sawetahipun, bilih Gusti
Allah tamtu kagungan rancangan ingkang endah, Gusti Allah lumantar
Malaikatipun ngutus dhumateng Filipus tamtu mboten karana kebetulan ”
utawi rancangan ingkang” serba dadakan amargi rancanganipun Gusti Allah
punika
”pasti Sampurna.Filipus tansah ngugemi dhateng Pangandikaniun
Allah ingkang kaserat wonten ing Yesaya55:8-9 ’ Awit rancanganing Sun
iku dudu rancangananira, lan dalannira iku dudu margining Sun, mangkono
pangandikane pangeran Yehuwah. Amarga sapira dhuwure langit saka ing
bumi, iya samana dhuwure margining Sun saka ing dalan nira, sarta
rancanganing Sun saka ing Rancanganira
Pasamuwan kinasih
rancanganipun Allah saestu nglangkungi akal saha pikiranipun para
manungsa, saengga dipun gambaraken kadosden tebihipun langit kaliyan
bumi. Menawi kita sami namung nuruti rancanganipun piyambak, menawi
saged berhasil paling inggil, inggih namung dados konglomerat
(jutawan,milioner,Lsp) ananging menawi kita sami purun tuhu/tulus iklas
nderek kaliyan rancangaipun Gusti, kita sami tamtu pinaringan berkah
ingkang matumpa-tumpa ingkang kita sami boten saged mangertosi benjang
punapa, wujud punapa kemawon berkah ingkang badhe kita tampi
Sadherek patunggilan desa wonoreja saged madeg/kabangun gereja punika,
mboten karana” serba kebetulan utawi serba dadakan ananging sedaya
punika awit saking rancangan saha karyanipun Allah. Sumanggga kita sami
menggalih kanthi premono, desa wonoreja punika wiwitan mbikak/babatwono
dumados kirang langkung taun 1873, dene peletakan batu pertama mbangun
gereja punika nalika taun 1920. wekdal 47 taun punika mboten saged
kawastanan rancangan ingkang dadakan wontenipun Gereja punika Gusti
Allah tamtu kagungan rancngan ingkang endah, supados gereja ingkang
sampun kawangun punika tansah a saged martosaken injil, pawartos
kawilujengan, pawartos kabingahan dhumateng sok sintena kemawon,
saengga gereja punika kedah nggadahi program penginjilan. sinten kemawon
ingkang manut miturut kaliyan rancanganipun Allah saha purun berkorban
kange tugas penginjilan Gusti Allah tamtu tansah ngulberaken berkahipun
Gusti Allah nimbali saha milih panderekipun wonten ing desa wonoreja
punika ugi mboten karana” kebetulan kemawon’, nanging sedaya wau ugi
sampun dados rancanganipun Allah. Gereja ingkang kagambaraken dados
sariranipun Gusti Saha Gusti Piyambak ingkang dados sesirahipun
Pasamuwan, sampun sakmesthinipun menawi kita sami ingkang sami dados
umat kagunganipun punika dados peladosipun Gusti Allah, kadosdene sang
Filipus saha priyagung ingkang nitih kereta punika, ugi kados
peladosipun Gusti Allah tansah manut miturut dhumateng sedaya
rancanganipun Gusti. Senaosa kasebat” priagung” nanging piyambakipun
taksih purun ” ngansu kawruh terus sinau dhawuh sabdanipun Gusti kados
kasertat ing ayat 31 ingkang dados panyuraos utawi jejer ing sonten
punika (kawaosa)
Pasamuwan kagunganipun Gusti ing wekdal-wekdal
samangke gereja kagunganipun Gusti ugi taksih lumampah proses dhauran
majelis, nimbali saha milih umatipun minangka dados peladosipun Gusti
Yesus Kristus.Timbalan saha pamilihipun Gusti Punika ugi mboten karana”
kebetulan utawi” dadakan kemawon nanging menawi kita sami–sami pitados
dhumateng Gusti Yesus. sedaya punika tamtu sampun dados rancanganipun
Gusti,amargi rancanganipun Gusti punika rancangan ingkang endah saha
sampurno
Contho parogo kekalih ing inggil punika saestu saged
dados tepa tuladha kangge gesang kita sami,” priagung ingkang dereng
mangertos punika mboten ateges ” mboten mangertos nanging kanthi
adrenging niatipun terus kepingin sinau, dene Filipus ingkang sampun
mangertos tansah ndampingi, tansah purun mbiyantoni.
Sedaya
manungsa ing donya punika mboten wonten ingkang sampurna tamtu sami
ngadahi kaluwihan saha kekurangan, pramila sumangga kita sami nggadahi
tekat ingkang sami, kados pundi kita sageda dados peladosipun Gusti
ingkang satuhu matemah gereja ingkang sampun kawangun punika tansaya
dangu tansaya ngembaka selaras kaliyan rancanganipun Gusti Pribadi
Mugi Gusti tansaha amberkahi peladosan kita sami, Amin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar