Sabtu, 18 April 2015





 KAMARDIKAN  KRISTEN
 1.      Waosan       Galati 5: 1-15


 

Manungsa kedah nglampahi gesang klayan ngati-ati, nadyan GUSTI tansah kersa nganthi lan ngrimati. Awit, mengsah kita, inggih punika Iblis, kadya singa keluwen ingkang tansah kliteran sedya nguntal sintena kemawon ingkang sembranan lan mboten tuwuh ing iman (I Petrus 5: 8-9). Panganthi lan pangrimatanipun GUSTI punika kadya Bapak dhateng putranipun, inggih punika klayan kawigatosan saha kamardikan. Mila, putranipun ingkang dhemen kagatosaken lan tuwuh ing kawigatosan saestu gesang merdika lan tanggel jawab. Benten kaliyan putra ingkang namung remen kagatosaken, badhe gesang sembranan lan mboten ngertos tanggel jawab. Tanggel jawabipun tiyang gesang punika mboten sanes kejawi ndherek pakaryanipun Gusti ALLAH mberkahi lan milujengaken jagad saking pangrisakipun Iblis. Mila GKJW sesarengan Greja-Greja ing saindenging jagad pitados bilih “Gereja adalah buah sulung Karya Tuhan ALLAH, yang selanjutnya ikut serta dalam pelaksanaan rencana Karya Tuhan ALLAH itu.” (Pembukaan Tata dan Pranata GKJW alinea 2, yang mana pada alinea 1-nya dinyatakan: “Karya Tuhan ALLAH adalah menyelamatkan dunia supaya Kasih, Sukacita, Keadilan, Kebenaran, Damai Sejahtera berlaku dalam seluruh kehidupan dan tidak ada lagi maut, ratap tangis, perkabungan, dan dukacita.”).   
Sayektosipun, sedaya menika sampun cetha lan kapahamaken dhateng pasamuwan-pasamuwanipun GUSTI lumantar para peladosing pasamuwan. Klebet dhateng pasamuwanipun GUSTI ing Galatia kala jamanipun Rasul Paulus. Paulus mboten kirang-kirang anggenipun njlentrehaken bab gesang ndherek GUSTI ing Sang KRISTUS, inggih punika merdika saking pangiketing Toret nanging tanggel jawab milujengaken jagad. Ewasemanten, pasamuwan ing Galatia dhawah malih ing dredah malah rupenipun (nggatosaken ayat 15) ngantos paten-pinatenan (nadyan mbokmenawi mboten ateges bacok-bacokan klayan clurit, nanging sampun dumugi satron, mengsahan lan nyilakani sacara ekonomi utawi jabatan). Perkawis ingkang kadamel dredah inggih punika bab sunat. Wonten ingkang mastani bilih tiyang ingkang sampun ndherek GUSTI Yesus punika mboten pareng malih nindakaken sunat (kitan), awit sunat punika aturanipun Toret. Pendherekipun GUSTI Yesus ingkang nindakaken sunat dipun wastani nglawan GUSTI Yesus, awit GUSTI Yesus rawuh njangkepi Toret. Wonten GUSTI Yesus, Rah Prasetyanipun ALLAH mboten malih ing rah kulit katan nanging ing Rahipun Sang KRISTUS piyambak. Lah ingkang dadoh perkawis inggih punika pendherekipun GUSTI Yesus ingkang saderengipun ndherek sampun sunat.   
Rasul Paulus perlu njelasaken malih bilih ing GUSTI Yesus kita punika sampun kaparingan kamardikan saking tradisi punapa kemawon, kita mboten perlu kaiket (menapa malih ngantos dredah lan paten-pinatenan) dening menapa kemawon (tradisi, pepinginan, lsp.). Ing GUSTI Yesus ingkang baken inggih punika gesang klayan nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang nuju ing kawilujengan saha kemajenganing pigesangan, dalah kebak ing kamardikan. Dados, kamardikanipun tiyang Kristen (pendherekipun GUSTI Yesus) inggih punika nindakaken punapa kemawon ingkang murugaken masyarakat nggadahi tata, tentrem, kertaraharjo, sanes kosokwangsulipun. Tradisi menapa kemawon pareng katindakaken, angger murugaken kasaenan lan kawilujenganing gesang.
Sunat.., angsal. Kangge kabetahaning kesehatan lan kemasyarakatan, sanes kawilujengan kados kapitadosan agami Islam. Telung ndinan, pitung ndinan, nyekar, jathilan/jaran kepang, lsp…., angsal. Kangge nguri-uri kabudayan lan celak ALLAH ing pandonga, sanes ngundang setan ingkang ngajrih-ajrihi anakipun piyambak saha nyasaraken mental (murugaken tiyang gampil stress). Tradisi pasamuwan wiwitan, inggih menika Baptis, Kempalan, Dedonga, lan Ngedum-edum roti (Kitab Para Rasul 2: 41-42) minangka tradisi enggal ingkang sae katindakaken lan milujengaken. Menapa malih nindakaken tradisi gotong-royong, kerja bhakti, Kelompok Usaha Bersama (KUB), penghijauan, kebersihan, keindahan, pelestarian alam, lsp…., ingkang pancen sanget dipun betahaken ing kawontenan samangke. Kangge ingkang mboten purun nindakaken tradisi lami (sunat, nyekar, jaran kepang, lsp…), awit ajrih klentu, ugi mboten menapa-menapa. Mboten perlu rumaos langkung suci utawi suwalikipun rumaos lepat, supados nebihaken tukar-paben/dredah ingkang saged ngalangi kawilujengan lan kemajengan. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar