Sabtu, 18 April 2015

JANJI   PANGANTHINING   GUSTI
Pangentasan 33 : 12-19
 Ayat Nats : Pangentasan 33 : 12 b
Ature nabi Musa : “ Sinten ingkang badhe paduka dhawuhi nyarengi Kawula?”

Bapak, ibu patunggilan ingkang dipun tresnani Gusti wonten carios salah satunggiling kaluwarga ingkang kawontenan ekonominipun pas-pasan nggadhahi anak kalih, ingkang nomer satunggal umuripun 8 tahun dene ingkang nomer kalih nembe umur 6 wulan.
Ing satunggiling wekdal anakipun ingkang nomer satunggal sakit amandel lan miturut wawasanipun dokter kedah dipun operasi, amargi saged mbebayani tumrap perkembanganipun lare, saestu lare punika mlebet griya sakit lan dipun lebetaken dhateng ruangan khusus, bapak, ibu nipun lajeng wangsul amargi ibunipun kedhah ngopeni anakipun ingkang taksih alit dene bapakipun kedah pados sambetan arto kangge biaya operasi. Enjing sanged bapak ibu punika sampun dumugi malih dhateng griya sakit, lan ningali anakipun sampun nungga wonten ing sakjawinipun kamar. Mangertos bapak lan ibunipun dhateng, anak wau tumunten mlajeng mapakaken,boten maelu dumateng sakitipun punapa malih anak kasebat dereng saged wicanten. Raos sakitipun kraos ical, amargi rumaos bingah sanget saged pinanggih kaliyan tiyang sepuhipun.
Lare punika rumaos sisah boten amargi ngraosaken sakitipun, ananging lare punika rumaos sedhih sanged amargi boten saged kempal / sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun wonten ing griya sakit. Pramila saksampunipun nyumerepi tiyang sepuhipun dhateng, anak punika bingah sanget, amargi pranyata tiyang sepuhipun tansah nresnani dumateng piyambakipun.
Bapak, ibu sedherek kinasih, mekaten kalawau contohipun sesambetan ingkang raket sanget, kebak ing katresnan, ingkang saged ndadosaken raos kangen sanget menawi salah satunggiling anggota kaluwarga boten kempal, kados dene semah, anak lsp. Mekaten ugi kados pundi kangen kita dumateng Gusti Yesus Kristus tansah rawuh ing satengah-tengahing kaluwarga kita sami, amargi kita sampun sami pitados bilih katresnanipun Gusti punika ageng sanget, ngantos kerso nyetoraken nyawanipun kangge nebus dosa kita sami.
Menawi kita madhep-mantep pitados dumateng sedaya pakaryanipun Gusti, gesang kita tamtu badhe kraos tentrem rahajeng, menawi kita sami mrangguli prastawaning gesang kados dene kasedhihan, kawatos,ajrih, goncangan batos lsp. Sumangga enggal-enggal sami ndedonga nyuwun pangluwaran saha kekiyatan Saking Gusti piyambak.
Pandherekipun Gusti Kinasih
Ing saklebetipun dinten-dinten punika dusun kita nembe ngalami swasana ingkang mrihatosaken sanget, amargi wonten prakawis ingkang awrat sanget kedah dipun sanggi dening punggawaning dhusun punika. Punapa kita badhe kados dene bangsa Israel, ing waosan kita sonten punika, dados bangsa ingkang wangkal, masa bodoh,acuh,bangsa ingkang boten tahan uji, bangsa ingkang namung pengin sakecanipun kemawon ?
Sumangga kita sami sinau dados warga ingkang nggadhahi raos tanggel jawab ing sakdhegah prakawis, warga ingkang boten gampil uring-uringan (emosi). Warga ingkang saged gesang guyup rukun, sangkul sinangkul ing bot repot, kanthi kebak ing katresnan Kanthi tulusing manah sumangga kita sami sowan dumateng Gusti kebak ing pandonga, saha pados sarana ingkang sae amrih dhusun kita enggal uwal saking sedaya reribed.
Gusti sampun ngandika wonten ing ayat 14 : “ Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar